Page Menu

Showing posts with label lagu jawa. Show all posts
Showing posts with label lagu jawa. Show all posts

LAGU JAWA - CAPING GUNUN

Artis : -
Lirik : Caping Gunung

Dhek jaman berjuang
Njur kelingan anak lanang
Mbiyen tak openi
Ning saiki ono ngendi

Jarene wis menang
Keturutan sing digadhang
Mbiyen ninggal janji
Ning saiki opo lali

Neng nggunung
Tak cadhongi sego jagung
Yen mendhung
Tak silihi caping nggunung

Sukur biso nyawang
Nggunung deso dadi rejo
Bene ora ilang
Nggone podho loro lopo

Lagu Jawa - Yen ing tawang ono lintang

Artis : Manthous
Lirik : Yen ing tawang ono lintang cah

Yen ing tawang ono lintang cah
Aku ngenteni teka mu
Marang mego ing angkoso
Sung takok-ke pawartamu

Janji janji aku eleng cah ayu
Sumedot roso ing ati
Lintang lintang'e wingi wingi nimas
Tresna ku sundul ing ati

Ndek semono janjimu disekseni
Mego kartiko keiring roso tresno asih

Yen ing tawang ono lintang cah ayu
Rungokno tangis ing ati
Miraring swara ing ratri nimas
ngenteni bulan ndadari

AJA NELANGSA

Lagu Jawa
Judul : Aja Nelangsa

Jo podo nelongso
jamane jaman rekoso.
Urip pancen angel
kudune ra usah ngomel

Ati kudu tentrem
nyambut gawe karo seneng
ulat ojo peteng
nek dikongkon yo sing temen

Lha opo tho konco
ati kerep loro
ra gelem rekoso
mbudi doyo

Pancen kabeh podo
pengin urip mulyo
wiwitan rekoso
pancen nyoto

Lagu Jawa - Prau Layar

Artis : -
Lirik : Prau Layar

Yo konco ning nggisik gembiro
Alerap lerap banyune segoro
Angliyak numpak prau layar
Ing dino minggu keh pariwisoto

Alon praune wis nengah
Byak byuk byak banyu binelah
Ora jemu jemu karo mesem ngguyu

Ngilang ngake roso lungrah lesu
Adik njawil mas jebul wis sore
Wiring kalopo katon ngawe-awe

Prayogane becik bali wae
Dene sesuk esuk
Tumandang nyambut gawe

Lagu Jawa - taline asmoro

Artis : -
Lirik : taline asmoro

Opo pancen wes ono wanito liyo
Loro ati atiku loro
Tansah soyo keronto-ronto
Roso iki tetep jroning dodo

Kowe uwes bedho
Tumetes ing iluhku
Nganti koyo tirto segoro
Nalikane kowe lungo ninggalke aku
Nelongso ku nelongso
Ati soyo keroto ronto

Kowe uwes cidro
Dadi sumpah setiamu
Opo salahku nganti kowe ninggalke aku
Tanpo sebab alasan dadi karepmu
Teganing ati mendhotke taline asmoro

Opo pancen wes ono wanito liyo
Loro ati atiku loro
Tansah soyo keronto-ronto
Roso iki tetep jroning dodo
Kowe uwes bedho
Tumetes ing iluhku

Nganti koyo tirto segoro
Nalikane kowe lungo ninggalke aku
Nelongso ku nelongso
Ati soyo keroto ronto
Kowe uwes cidro
Dadi sumpah setiamu

Lagu Jawa - Tembang Kangen

Artis :
Lirik : Tembang Kangen

Wayah wengi udan grimis, ra uwis-uwis
Banyu kang tumetes, dadi saksi nggonku nangis
Wong sing tak tresnani, tego ningglake aku
Suwung jeroning uripku, yen ora ono sliramu
Sumilire angin tansah ndudul kalbu
Roso kang tak empet agawe loro dodoku
Liwat tembang kangen, mugo biso dadi tombo
Tombo kangen iki, nandang wuyung rino wengi
reff :
Liwat tembang kangen, aku titip tresno
Opo pancen sliramu, uwis ora kroso
Liwat tembang kangen, aku titip sayang
Tresnaku mring sliramu, ora biso ilang
Opo lali opo pancen wis ra ngerti
Sak tenane aku, mung tansah setyo ngenteni
Ngenteni baline endah manise esemmu
Liwat tembang kangen, iki wujud katresnanku

LAGU JAWA - BOWO WUYUNG

Artis : -
Lirik : Bowo Wuyung

Rembulane sumunar ndhadhari
Lintang-lintang angebak’i tawang
Pating gelebyar cahyane
Wanci ratri wus larut
Swara angin semribit ngidit
Saya nggegerit manah
Wong kang nandhang wuyung
Ketaman lara asmara
Dhuh kusuma wilangan sanga lan kalih
Mugi welas mring kula

Lagu Jawa - Nyidam Sari

Artis : -
Lirik : Nyidam Sari

Duh wong ayu pepujaning ati
Koyo ngene wong nandang asmoro
Opo toh awakku dewe duh dewo jawoto gung
Welaso mring wakmami
Besuk kapankan bakal jejer lan wong ayu
Umpomo niro nahkoda
Tanpo prahu sasat biso den pepetri
Nyidam sari asmoro
Umpama sliramu sekar melati
Aku kumbang nyidam sari
Umpama sliramu margi wong manis
Pun kakang bakal ngliwati
Sineksen lintange luku semono
Janji prasetianing ati
Tansah kumatil ning netro resono
Keroso rasaning driyo
Midero sak jagad royo
Kalingono wukir lan samudro
Nora ilang memanise
Aduh dadi ati selawase

Nalikan iro ing dalu atiku
Lamlamen siro wong ayu
Nganti mati ora biso lali
Lha kae lintange mlaku

Sineksen lintange luku semono
Janji prasetianing ati
Tansah kumatil ning netro resono
Keroso rasaning driyo
Midero sak jagad royo
Kalingono wukir lan samudro
Nora ilang memanise
Aduh dadi ati selawase
Nalikan iro ing dalu atiku
Lamlamen siro wong ayu
Nganti mari ora biso lali
Lha kae lintange mlaku

Lagu Jawa - Putri Solo

Artis : -
Lirik : Putri Solo

Putri solo
Dasare kepara nyata
Pancen pinter alelewa
Dasar putri solo
Nganggo selendang pelangi
Sumampir ana pundake
Cunduke kembang melati
Dadi lan pantese

Mung lakune kaya macan luwe
Sandal jinjit pengagem e
Kriat kriet suarane
Kerlap kerlip oh suwenge
Dasar putri solo..

Putri solo
Yen ngguyu dekik pipine
Ireng manis kulitane
Dasar putri solo

Lagu Jawa - Sri Huning

Artis : -
Lirik : Sri Huning

Sri huning mustiko tuban
Labuh tresno lan saboyo pati
Marang raden wiratmoyo
Kang wis prasojo hanambut branti
Sri huning daton ngrahito
Kang rinipto kadange pribadi
Wiratmoyo putra niro
Ronggolawe adipati tuban

Sri huning putrane abdi
Wongso pati nalikane uni
Kapupuk ing madyo logo
Duk prang tandhing lawan minakjinggo

Katresnane wiratmoyo
Tinampi dene roro sri huning
Senadyan wekasan niro
Prapteng lampus alabuh negoro

reff :
Sri huning mustiko tuban
Labuh tresno lan saboyo pati
Marang raden wiratmoyo
Kang wis prasojo hanambut branti

Sri huning daton ngrahito
Kang rinipto kadange pribadi
Wiratmoyo putra niro
Ronggolawe adipati tuban

Sri huning putrane abdi
Wongso pati nalikane uni
Kapupuk ing madyo logo
Duk prang tandhing lawan minakjinggo
Katresnane wiratmoyo
Tinampi dene roro sri huning
Senadyan wekasan niro
Prapteng lampus alabuh negoro

Lagu Jawa - Bengawan Sore

Artis : -
Lirik : Bengawan Sore

Ning pinggiring bengawan
Tansah setyo ngenteni sliramu
Eling eling jamane semo
Wis ndungkap petung ketigo

Ning pinggiring bengawan
Saben saben mung tansah kelingan
Wus prasetyo ing janji kang suci
Ing lahir terusing ati

Sanadyan koyo ngopo manungso
Mung biso ngreko lan njongko
Gusti kang paring idi lan pesti
Kito sak dermo nglampahi

Ning pinggiring bengawan
Wayah sore tan soyo kelingan
Gawang gawang esemu cah ayu
Gawe sedihing atiku